Tuesday, November 27, 2012

TRESNANING TTS

Diceritakna ana sawijining Dusun ing kitha Negarabanjar, ana kelompok bocah-bocah sing padha dolanan bebarengan. Bocah-bocah mau ana 5 wernane, papat lanang lan siji wadon. Jenenge bocah cilik, paling-paling nek kumpul padha dolanan dhewek, ana sing dolanan wayang, layangan, kling brok lsp. Lumrahe dolanan tradisional mbiyen sing siki wis angel ditemoni mergane kecanggihan IPTEK.
 Wis ora kerasa bocah-bocah mau wis padha nang SMK, kabehan padha misah, ana sing nang SMK, SMA lan STM. Ning bocah-bocah mau tetep dadi kanca senajan wis mandan beda.
Aja kesuen crita dhewek mending mlebu meng naskahe bae mayuh, Pak Naratore wis kesel ngomong bae. Hehehehe…….  
Hanafi : “Geh dina Setu Paing mbengi padha nang umah ora?”
Umi : ”Lah anu ngapa si?”
Satrio :”Paling hang out meng alun-alun?”
Rian :”Ya bener kue cucok banget lah pokoke.”
Hanafi :”Oalah salah kabeh, wis seru ngeden, mbokan metu NO2 ne. Mulane dirungokna dhisit, ikiloh kan ana tugas saking Bu Armi kon nggawe presentasi nggo dina Senen, priwe arep digawe nang nggone sapa?”
Ebi :”Orahan bingung ana sing nduwe Lontop ikih, toh l iwis ngerti sapa batire dewek sing mambu sugih.”
Umi :”Sapa si?”(ethok-ethok ora ngerti karo mlirik meng Rian)
Satrio :”Ooh si Boy.”
Hanafi :”Piwe Boy bisa ora?”
Riyan :”Nek aku si kepenak baen sing penting balik sekolah langsung baen meng umahe aku dadi ora kewengen baline.”
Ebi :”Ih tapi kayane aku ora bisa we, aku ana janji karo pacare kon mbatiri meng umahe Mba’e sing nang Kertopurwo. Paling aku bisane Minggu esuk.”
Hanafi :”Nek kaya kue ambil sepakate baen supayane bisa kerja kabeh dina Minggu nang nggone Riyan wanci jam 8 seprapat wis nang nggone Mas Boy.”
Seliane :”Oke!”
(Dina Minggu esuk wis padha nangkring nang nggone Rian alias Mas Boy ana sing nulis rancangan naskahe, ana sing ngetik nang Laptop, internetan lan liya-liya).
Riyan :”Deneng si Ebi Katsu No Jutsu urung keton ya? Apa sekalian ngandang nang nggone pacare? Patut dicurigai kiye.”
Satrio :”Wis lah aja kaya kue dela maning li gutul wis sms aku geh.”
(Ora let sue si Ebi teka, ya sekitar jam 12 lah. Sing dadi pitakonan APA ORA SUE?).
Umi :”Alhamdulillah wis rampung ngetike, gari dipolah terus diapiki. Wis ngonoh sing dadi Editor wis mangkat leh, kye nyah Eb.”
Ebi :”Inalillahi nembe baen be gutul, engko ndisit kon ambekan si ngapa.”
Hanafi :”Biasa bae mbokan, raine aja digawe melas.”
Satrio :“Wis-wis gari kon ngaso sedhela, nek wis aso kon nggarap.”
Ebi :”Ya wis endi ngeneh Laptope, mbokan ana sing ora trima. Trima baen lah.”
Riyan :”Kye kriyikane padha disambi, melas kae diangguri baen.”
Umi :”Okelah.”
(Ora kerasa wis Mandan sore, wis jam 4. Bocah-bocah mau padha bali lan tugasi Bu Arm iwis rampung. Janjane tugase dicepetna rampunge anu nyatane Bu Armi kuwe guru sing mandan galak.)
Umi :”Iki tugase dikumpulna pas istirahat bae ya?”
Satrio :”Ya bisa lah.”
Riyan :”Oya bali sekolah biasa kumpul nang gardu perek laren, ana sing arep tak omongna.”
Umi,Satrio,Hanafi & Ebi :”Siap Boy!”
(Bali sekolah, pada ganti klambi, madang, terus kumpul nang markas rahasia alias rahasia umum).
Hanafi :”Ana apa Yan?”
Ebi :”Iya ana apa jere?”
Riyan :”Dela maning kan dhewek UN terus lulus, ba’da lulus kan dhewek padha mencar, ana sing kerja, kuliah lsp. Aku kepengen dhewek nggawe album kenangan nggo Geng Eagl eng lan bocah sekelas. Piwe padha setuju ora?”
Satrio :”Janjane si apik-apik baen tapi bocahan liya gelem ora ya?”
Ebi :”Donganen ko ngomong mau pas nang sekolahan meng bocah-bocah.”
Riyan :”Ora loh kan aku pengin diskusi ndhisit, nek tanggepane positip aku nembe usul.”
Hanafi :”Njajal ngesuk takon bocahan kelas XII TJK 4.”
Umi :”Terus ngapa maning, wis mbokan?”
Riyan :”Ya wis ndhisit, nggo dina kiye.”
(Esuke, bocah Geng Eagle Eng ngomong meng bocahan sekelas lan tanggepane uga apik. Ora let suwe rampung UN, bocah kelas XII TJK 4 nggawe album kenangan. Ora mung nggo emut-emut nanging uga kanggo nambah tali ning paseduluran. Dina perpisahan lan pengumuman kelulusan wis rampung, Satrio olih peringkat siji, Umi keloro lan Hanafi nomer telu nggo nilai UN sing apik. Bocah telu mau padha kuliah,Satrio nang UNY, Umi nang ITB lan Hanafi nang UNDIP. Ebi karo Riyan critane kepriwe?Ebi melu kerja karo Pamane Riyan nang Kalimantan dadi Pengawas Barang Produksi. Nek Riyan orahan takon maning, wis jelas dheweke kuliah nang Australia.)

Hanafi :”Wis ana 5 taun pisah karo batir geng ana rasa kangen we? Apa njajal tak telpon ya mbokan egun aktif.(Hanafi njajal telpon meng bocah-bocah mau, pertama Umi sing wadon ndewek.)
Halo, Assalamu’alikum Kepriwe kabare Um?”
Umi :”Wa’alikum salam, Alhamdulillah sehat. Nah ko si?”
Hanafi :”Sehat. Anu geh aku pan reunion bocah se-Geng, padha bias ora ya?”
Umi :”Aku wis takon meng bocahan juga, tapi kayane egun padha sibuk we?”
Hanafi :”Piwe ya? Nek wis sempet ya kabari kabehan ya, Wassalamu’alaikum.”
Umi :”Ya. Wa’alaikumsalam.”

(Nang dina Riaya Id, bocah-bocah padha bali terus padha reunian nang nggone Umi.)
Umi :”Ngeneh-ngeneh padha mlebu, mumpung ana roti Nastare, nek ngelih gari njukut sroto nang mburi kae.”
(Bocah-bocah Geng Eagle Eng padha kandhahan, crita-crita pengalamane lan liya-liya.)
Pak Udin :”Um, mendi calon mantune nyong wis teka apa urung?”
Umi :”Bapake ana-ana bae? Pacaran bene urung kon mbojo?”
Hanafi :”Sapa si, Um?Satrio ya?”
Pak Udin :”Udu, aja ngasi ya? Aku kuwe wis njodhokna anake nyong Umi karo Riyan. Mbiyen aku kerja bareng karo Bapake Riyan, terus sepakat nek nduwe anak arepan dijodhokna.”
Hanafi :”Apa iya Um? Deneng ora ngabari?
Umi :”Mbokane dadi padha pedhot batirane, mula aku meneng baen.”
Hanafi :”Satrio si? Sat, mbokan ko wis tau ngomong meng aku jarene ko seneng karo Umi.”
Satrio :”Ora lah aja nglombo.(Satrio terus pamit bali).”
Ebi :”Ke si kepriwe, lanang apa udu, masa kaya kue thok langsung lunga jengkel.”
Hanafi :”Dhewek kue egun batiran, deneng si ko ngomongna Satrio kaya kue? Ko ya iya, Yan. Kena ngapa ora ngomong sing sebenere meng Satrio?”
Riyan :”Loh! Aku ya ora salah, wong berita kiye juga nembe ngerti pirang wulan wingi.”
Ebi :”Iya ko si piwe, Han?Aja sekepenake dhewek olehe ngomong.”
Hanafi :”Aku ora salah! Sing salah kuwe ko ko padha sing ngerti malahnpadha dolanan kucing-kucingan. Melasi Satrio kae, barang salah dibelani. Wis sekabehane aku pamit ndhisit arepan nyusul Satrio.”
Umi :”Han, aja bali ndhisit, aku arep njelasna sing bener!”
Pak Udin :”Wis orahan diurusi, siki ko ngurusi acara pengantenane ko karo Riyan 3 wulan maning.”
Riyan :”Enggih leres, Pak kados mekaten. Yen menawi tresna kedhah kathah pengorbanan.”
Umi :”Mbuh lah! Aku ora ngurusi kabeh!” (mlebu kamar karo nangis).
Ebi :”Nggih sampun, Pak. Kulo lan Riyan badhe pamit rumiyin.”
Pak Udin :”Ya sing padha ngati-ati.”
(Hanafi terus nyusul meng umahe Satrio.)
Hanafi :”Sat, kowe nang umah?”
Satrio :”Iya mlebu ngeneh.”
Hanafi :”Deneng kowe miki cepetan baline?Ana apa?”
Satrio :”Ora apa-apa.”
Hanafi :”Genahe, aja nglomboni atine dhewek. Ora apik.”
Satrio :”Janjane aku seneng meng Umi, nanging kowe wis ngerti dhewek yen Pak Udin ora seneng nek aku perekn karo Umi kawit cilik. Apa anu anak wong ora nduwe ya?”
Hanafi :”Aja kaya kue? Pak Udin agi khilaf baen lewih milih Riyan ketimbang kowe. Aku krungu dhewek sekang Umi, Riyan kuwe bocahe wis dadi ora bener kawit kuliah nang Australia. Gelem mabok, judi lan madon.”
Satrio :”Apa iya? Sing bener olehe cerita.”
Hanafi :”Alah yakin lah, nek ora bener britane wani busung wetenge Riyan.”
Satrio :”Sembarangan, kowe sing sumpah kok Riyan sing kena sibat.”
Hanafi :”Pikirna si ora, apa tak pikir? Apa batir nek gelem mangan batire dhewek? ”
Satrio :”Sing wis ya wis. Tak rilakna baen, emange bocah wadon kur Umi thok.”
Hanafi :”Mbarang nyatane ko egun seneng. Apa ora marekna liver?”
Satrio :”Kepriwe maksude?”
Hanafi :”Lara ngati koh. Nah kye-kye tetengere wong lagi BH.”
BH : “Broken Heart”
Satrio :”Ana-ana baen kowe lah. Aweh solusi palahan aweh komedi.”
Hanafi :”Ya ora apa-apa idep-idep kena nggo segeran.”
(Bocah loro mau wis kelalen karo temane, pancene bocah padha nyleneh. Apa ora aneh? Wis naratore kon ngomong bae, kapan rampunge ceritane?)
Pak Udin :”Um seminggu maning kowe pan mbojo karo Riyan. Deneng tak deleng-deleng kowe ora ana perhatiane babar blas karo Riyan? Nek kaya kiye carane tak cepetna baen nikahane lah.”
Umi :”Mboten saged koh, masa anu mboten purun dipeksa mawon. Umi taksih purun kuliah lan menawi badhe mbojo, Umi purune kaliyan Mas Satrio titik!”
PaknUdin :“Kowe wani nantang wong tuamu dhewek, sing wis mbiyayani uripmu!”
Umi :”Mboten kados mekaten, Pak. Umi mboten purun menawi perasaane Umi sing dados korban. Nek kados mekaten Umi purun nyusul Ma’e. ”
Pak Udin :” Gari ngonoh nek gelem nusul wong mati! Kowe karo Ma’e kowe kuwi padha bae! Angel diatur, sakarepe dhewek!”
Umi :”Pancen enggih, mula Ma’e milih pejah timbang urip karo Bapak!”
Pak Udin :”Ngomong apa kowe! (Nampong Umi).
(Kaya iki jane crita sebenere. Umi iku ditinggal seda Ma’e kawit TK, cilikane Umi pancen sering krungu yen wong tuane kuwi ora akur, ndina-ndina reang. Ananging pas Ma’e Umi kena penyakit Jantung, Bapake Um iwis mulai ngalah lan ngerawat Ma’e Umi nganti sedane).
Umi :”Ya Alloh Gusti yen pancen aku iki dadi anak durhaka, aku pengin aku urip nelangsa, ananging yen pancen aku bener, tulungi kawula supaya bias urip tentrem kalian tiyang ingkang kawula tresnani.”(Umi Do’a ba’da Sholat Istikharoh karo nangis).
(Pak Udin kepengin yen kanca-kancane Umi mau padha kumpul nang umahe Umi. Arepan mbahas perkara iki.)
Pak Udin :”Aku kepengin kowe kabeh ngerti yen Umi karo Riyan arepan mbojo dina Rebo minggu ngesuk. Piwe Sat, kowe rila ora?”
Satrio :”Inggih, Pak. Mboten napa-napa. Kula rila asal Umi saged bungah.”
Hanafi : (Ngomong lirih marang Satrio)”Yakin Sat, kowe ora papa?”
Satro :”Ora papa.”
Ebi :”Kaya iki kan masalahe dadi genah.”
Pak Udin :”Piwe kowe, Yan?”
Riyan :”Inggih mboten napa-napa.”
(Dina Rebo tanggal  12 Desember 2012, Umi kaliyan Riyan arep mbojo. Kabeh kanca-kancane teka. Kabeh teka kejaba Satrio. Satrio pesen meng Hanafi yen dheweke arepan nerusaken kuliah lan kerja nang California, USA).
Umi :”Deneng Mas Satrio during teka ya?”
Hanafi :”Ana apa Um. Deneng kaya nggoleti wong?”
Umi :”Mas Satrio deneng durung teka ya, Han?”
Hanafi :”Satrio pesen meng aku jarene, dheweke arepan ngomong selamet mergane mbojo karo Riyan lan do’akna supaya ko urip tentrem. Satrio nerusaken kuliah lan kerja nang California, USA.”
Umi :”Ya ora apa-apa?”(Lirihan karo ngusap tisu meng matane)
(Ora dinyana-nyana, Pak Udin ngumumna yen Umi karo Riyan batal nikah)
Pak Udin :”Para tamu kula aturi maturnuwun sanget lan atur pangapunten ingkang kathah ugi, bilih putrinipun kawula, Umi mbotean sios mbojo kaliyan Mas Riyan, amarga keputusan iki uga wis didiskusikan karo bapake Riyan lan piyambakipun purun.”
( Umi terus lunga sekang gedhung nikahan, banjur bali ngumah nyiapaken sekabehane. Umi lunga marang Korea Selatan, arep kuliah musik lan melu debut nyanyi nang negeri Ginseng. Wis lima taun bocah Geng Eagle Eng pisah, nanging saben bocah ana ceritane. Ebi dadi pengusaha Minyak Bumi lan mbojo kaliyan tiyang Kalimantan, Hanafi dadi Bussinesman di kawasan Internasional, Satrio si professor ilmiah lan Umi si penyanyi Internasional akhire direstui lan mbojo. Nah si Riyan? Riyan nduweni takdir ingkang benten kaliyan kanca-kancane, dheweke wis dadi bos mafia, nanging nang salah sawijining tlatah, piyambakipun ketangkep dening polisi internasional FBI kaliyan tuduhan pencurian alat canggih NASA ing USA. Saiki Riyan….. Wis ora susah dibahas maning sing penting kabehan rampungan kaliyan seneng. Kejaba Riyan.)

DI TAMAT NA

0 comments:

Post a Comment